Tuesday, August 11, 2009

Master of Ceremony - Pambiwara

Adat dan Budaya

Tahukah Anda bahwa peran Master of Ceremony (MC) sangat besar dalam kegiatan upacara dan pertemuan-pertemuan? Akan tetapi tidak banyak orang yang mengetahui bagaimana tatacara menjadi MC yang baik dan benar. Bagitu susahkah? Mungkin,,,,apalagi menjadi MC dalam kegiatan adat tradisional dalam masyarakat. Dalam adat jawa, MC sering disebut dengan Pambiwara. Nhah, ini lebih sulit lagi. Agar lebih jelas, berikut contoh tatacara menjadi pambiwara.

· Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu’alaikum wr.wb.

· Dumateng panjenenganipun para pepunden, para sesepuh pinisepuh ingkang pantes kinurmatan, para tamu kakung sumawa putri ingkang pantes nampi pakurmatan, satuhu lamunta sinudarsono, para kadang werdo mudo taruno ingkang satuhu bagiyo mulyo.

· Awit saking keparinganipun bp . . . . . . . . Sekalian ibu, kulo ingkang kapitedan sinaraya hambuka wiwaraning suko wenganing wicoro dwaraning kando, minongko jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening toto upocoro pawiwahan ingkang sampun rinakit rinancang dening poro kulowongso, ingkang tartamtu kewolo kaeneraken wonten ing pawiwahan prasojo ing hari kalenggahan puniko.

· Nun inggih panjenenganipun bp . . . . . . Sekalian ibu, hanetebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepoko mulyo, miwoho siwi mahargyo suto, kanti raos panalongso, ingkang hamengku karso, nyuwun wonten ngarsanipun gusti ingkang moho agung, miwah nyuwun dongo pangestunipun poro lenggah, mugi kaleksananing sedyo ing hari kalenggahan puniko, purwo madyo wasono tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambikolo.

· Poro rawuh soho lenggah, sakderengipun kulo ngaturaken urut reroncening adicoro, mugi keparengo langkung rumiyin kulo derekaken manungku pujo hastowo puji hastuti, wonten ngarsanipun gusti ingkang moho agung, karono agung barokah soho rahmatipun, ingkang rumentah dumateng panjenengan sadoyo dalasan kulo, soho mugi lampahing toto upocoro pahargiyan ing ri kalenggahan puniko, tansah winantu ign suko basuki rahayu nir ing sambikolo.

· Poro rawuh soho poro lenggah, sampun dumugi wahyaning mongso kolo binuka ing tata upocoro, wandene urut reroncening adicoro ingkang sampun karancang soho karacik nun inggih pawiwahan atur:

1. Pambuko

2. . . . . . . . . . . .

3. . . . . . . . . . . .

4. . . . . . . . . . . .

· Mekaten poro lenggah kakung soho putri atur . . . . . . . . Kanti prastowo ceto wijang wijiling pangandikan . . . . . . . . . Ingkang saklajengipun adicoro . . . . . . . . .

· Poro lenggah kakung sumawono putri, ingkang sinubo ing pakurmatan raos bombong miwah mongkoging manah panjenenganipun bp . . . . . Sekalian ibu mboten saget matur piyambak wonten ngarsanipun poro tamu soho poro lenggah sadoyo, ingkang puniko minongko sulih sasiro, ingkang sampun piniji nun inggih panjenenganipun

Bp . . . . . . .

Ingkang puniko wekdal kasumanggakaken sumonggo.

· Wondene ingkang hanjajari jumenengipun bp . . . . . . .

· Poro rawuh soho poro lenggah, kados sampun dungkap paripurno lampahing upocoro pawiwahan prasojo ing ri kalenggahan puniko, ingkang puniko jumbuh kalian urut reroncening adi coro ingkang sampun rinakit, purwo madyo wasono sampun kelampahan kanti wilujeng nir ing sambikolo, awit saking puniko tebih saking raos panundung saking panjenenganipun bp . . . Anggenipun nampi kerawuhan panjenengan, kiranging tanggap tangguh miwah suguh, mugi keparengo paring pangapunten.

· Minongko pratondo paripurno mugi keparengo ibu rias . . . . . (ibu) soho jengkaring putro temanten tumuju sak ngajenge kori pawiwahan.

· Poro rawuh hamung semanten pahargyan wonten ing siang puniko, milo awit saking puniko, kulo minongko jejering pambiwaratartamtu katah kekiranganipun soho kakilapan, labet budi dayaning manungso kirang sampurno soho kirang pono, anggen kulo ngaturaken reroncening adi coro, kulo tansah nyuwun agenging pangapunten.

· Akhirukalam wabilahi taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum wr.wb.


bdmhjp3eaz






Bagi yang ingin mencoba Bisnis baru dengan cara mudah dan menghasilkan banyak keuntungan, klik link dibawah ini.
http://abe-rabbit.blogspot.com/2010/12/cara-cepat-mencari-uang-dengan-program.html

0 comments:

Post a Comment

Tinggalkanlah komentar (dengan sopan) setelah membaca artikel berikut demi perbaikan dan kesempurnaan artikel berikutnya. Mohon maaf, apabila komentar mengandung spam, dengan sangat terpaksa akan saya hapus. Makasih telah berkunjung disini.